Jumat, 11 Juli 2014

Pie Kabare Le? isih penak jamanku to?---------------------------(Tenane????)

Ko saiki gek ngetrend fotone mbah Harto nakoke kabar e aku? nek nang kampungku kui so sweet banget!!

iki lo salah siji contone!


Nggeh niki kulo sakedik wangsuli punopo ingkang dados pitakon simbah,..... Mbah,. panjenengan mestine sampun ngertos, menawi zaman niku mesti berubah, menawi kolo rumiyen wonten jaman batu, ingkang sanjange darwin jamanipun manungsa niku asale saking ketek, menawi sakniki sampun benten, pun mboten saking ketek malih, tapi saking gorila,.. la to lak malah salah!! nggeh bayangke mawon menawi sakniki didadoske kados jaman batu, uwong2 pakaiane minim, mboten sami ngagem daleman, la lak malah kulo mangkeh ingkang seneng. jamane panjenengan niku menawi bodo kulo angsal arta sekedik mbah, benten jamane mbah gusdur, kulo angsal fitrah katah. Kala jamane panjenengan kulo tasih asring dinakali kalih rencang-rencang, tapi bibar panjenengan la kulo pun mboten nate dinakali malih.
Intinipun waktu niku unik pakde, wonten tiyang ingkang sanjang, menawi ingkang caket niku kematian, lan ingkang tebih niku masa lalu. Masa lalu mungkin penak kageme panjenengan, tapi ngagem kawulo non sense!!! sampun-sampun,... ampun terbuai kalih kauripan ting ndoyo, jaman sakniki,...jaman rumiyin,..niku sami!! la wong ting ndoyo niku lamung mampir ngombe. babagan mekaten ampun di permasalahke.
Mekaten mawon mbah, sampun sonten, kawulo badhe ngentasi gendeng rumiyin! maturnuwun sak katah2 e!